Browse: Home / PUPUH KINANTHI

PUPUH KINANTHI

Sang prabu Linggaiyang langkung, rena karawuhan putri, kadi sutaning bramana, oliye alaki rabi, wus angrasa katimbangan, lanang wesi wadon wesi, mulane arjaning krama, malah sampung Brajawati.

Bobot angsal pitung tangsul, salamine anggar binim pepengene warna-warna, kang ora jamak dening, pinangan dening manusa, parandene den esiri.

Kapengen adhahar kunyuk, ora den sembelih maning, ora lawan minatengan, mung den panjingaken dening, kadut den kocok kaduga, kunyuk mati den tonyoi.

Kulite deng masih wulu, daginge benyo ayiyid, den enggo embut-tembutan, dharahe den palothoti, mangkana den kadengngangan, dening Linggaiyang dadi.

Sedhot hawa manah ipun, ningali dhateng kang rayi, ora kaya Braja rara, kang ngemong kadang kakalih, Parwatali Talibarat, atumon ipene runtik.

Anulya sigra tumurun, sing awang-awang tumuli, kang ngusap ing bathuk ira, Brajawali enggal dadi, kang sengit dumadi welas, teka eman teka sih.

Lami-lami ning tumuwus, Brajawati sajen maning, pepengen ing dhaharan, cicindhil kang masih abrit, den dhahar urip-eripan, den tutulaken ing petis.

Den kadengangan sang prabu, iya timbul sengit maning, dhumateng sang Braja rara, ora kaya Parwatali, Talibarat ngusap muka, kang sengit babalik asih.

Lami-lamining tumuwuh, pepengene sajen maning, ing cacing urip-uripan, tengtu lelet den patheni, mangkana yen kadengangan, mring nata girig sengit.

Tan kaya yen wus tumurun, Talibarat Parwatali, angusp bathuking kadang, kang mungga kirig ika dadi, kumokod babalan pisan, dumadi kanggep alaki.

Lami-lamining tumuwuh, ana kang dadi kulilip, maring karajaan Sundha, ora nama liyan maning, Suhunan Panggungkancana, darbe manah tulak serik.

Re kang putra wau lampus, Lutungkasarung kalindih, dening Prabu Linggaiyang, dening parecel kumaki, wani wong tuwa si setan, pangganggo asu griwani.

Pira wareke wong munggu, ora sabar angenteni, ing sirrane kang yuga, angrumpak turus abecik, mapan den mepes kang yuga, apa layak anyuluri.

Ari iku sawat-sawud, godhog rontok rug-rug wit, pasthine ya sinangkasal, nagning ora arju margi, kaya ta beyating jalmi ditya, duduta beyating jalmi.

Mengko uga tanggu isun, mangsa lawas angartoni, iku kang Lokambadhigal, lawan ora arju margi, nandhang sekeling wong tuwa, aja dumeh anduluri.

Anduluri sota iku, kapokok broktak dening, anak lagi duwe pejah, samono lagi ngalahi, wong tuwa kendhang sangaja, nyingkiri wirang lan isin.

Wondene Lutungkasarung, semaune amateni, bramana Linggabuwana, ora paido wong lagi, ngambing-ngambing rabi mula, kang lagi penyakit elik.

Teka anuli den jaluk, di akon nganggo wajani, la iku lebune apa, tumon nambakaken rabi, ya ika bramana kaparat, binatang si tai olih.

Nah kala napsune metu, ika dadi banaspati, ngejer ana ing gegana, malang-miling saban bengi, wong Pajajaran pra samya, kaget ketembe ningali.

Mung ta apa murub iku, katone ing wektu bengi, ana kang ngarani teja, ana nengge lintang ngalih, waneh ngarani kamangmang, ana nyana tapak angin.

Waneh angrebut kang dudu, deningan sinaban bengi, kaya latune ing lintang, kanggo surup nganggo kedhing, parek maring sulaksana, sutejane wong abecik.

Parek ing lintang kemukus, datan bengi sawatawis, lawase wis sangang dina, pareng wengine tumuli, anyarengi sri narendra, Linggaiyang sami didis.

Kalih garwa ingkang wau, siweg bobot madhang sasi, angideri tataman, murnama dening ring-ring, para bibi para inya, kalangkung ing suka ati.

Ameng-ameng ing lalangun, rembesa angulinting, kesel sira ganti siram, ing pancuran sanga sami, patelesan cindhe jenar, sang aji atilar guling.

Sabab agamaning Galuh, yen purnama tilar guling, yen tanggal pisan apantang, yen combana lan istri, yen tengange lawan pajar, apantang barang den bukti.

Sadangune ing dalu, nelasaken agiyak-giyak, purnama sajroning putri, waneh ingkang makidungan, anggending jala wekunyit.

Kang murup-murup sing dhuwur, tema warna banaspati, namber lir kilat sayuta, Linggaiyang sirna lalis, den samber sinawa musna, dhumateng jongging sawargi.

Wong dalem geger gumuruh, tangise kelangan gusti, awit suka teka dhuka, Brajawati karuna jrit, kantaka ping nem sadela, kagete kelangan laki.

Incoming search terms:

0 komentar:

Posting Komentar

More

Diberdayakan oleh Blogger.
Babad Tanah Jawi
( Galuh Mataram )
GALUH
01. Prabu Banjaransari
02. Patih Srotomo
03. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
01. Prabu Wanagada
02. Ki Ajar Wilis
03. Siung Wanara
Jakarta
01. Putri Tanusekar
02. Murjangkung
Majapahit
01. Perkutut Mertengsari
02. Jaka Bandung
03. Perkelahian tiga sukma
04. Baru klinting
05. Raden Pulunggana
06. Prabu Brawijaya II
07. Prabu Murdaningrum
PAJANG - PENGGING
01. Prabu Pancadriya
02. Prabu Dayangningkung
MAJAPAHIT
01. Prabu Prakumara
02. Prabu Brawijaya IV
03. Seh Ibrahim
04. Raden Jaka Dilah
05. Sunan Ngampel
06. Raden Sahid
07. Dewi Rasa Wulan
08. Ki Jaka Tarub
09. Raden Bondan Kejawan
10. Raden Patah & R. Timbal
11. Sunan Kalijaga
12. Seh Lemah Abang
13. Darmakusuma
14. Ki Supa
15. Masjid Demak
16. Teluh condong - campur
17. Kinom ( Ki Supa - Anom )
18. Ki Pitrang
19. Adipati Natapraja
20. Kinom
21. Sunan Geseng
22. Kyai Pandanarang
23. Patih Gajah Mada
24. Ki Jaka Sura
25. Sunan Ngudung ( Kudus )
26. Laskar Tikus dan Lebah
27. Sunan Lawu
DEMAK BINTORO
01. Senopati Waliyullah
02. Swara Waliuyah
03. Swara sirna catur tunggal
04. Seh Siti Jenar
05. Jaka Sengsara
06. Ki Ageng Pengging
07. Ki Ageng Tingkir
08. Sultan Trenggana
09. Raden Jaka Tingkir
10. Ki Dadung Awuk
11. Wahyu kerajaan
12. Sultan Trenggana
Pajang
01. Sultan Hadi wijaya
02. Ki Rangkut
03. Ni Mas Ratu Kaliyamat
04. Ki Ageng Giring
05. Ki Pamanahan
06. Wirayat Sunan Giri
07. Ki Ageng Mataran
08. Raden Pabelan
09. Ki Bocor
10. Nyai Ratu Kidul
11. Raden Rangga
12. Tumenggung mayang
13. Batu-batu berbicara
14. Pangeran Banawa
MATARAM
01. Raden Umbaran
02. Pelaksanaan wirayat Sunan Giri
03. Nyai Adisari
04. Rangga Kaniten
GALUH
1. Prabu Banjaransari
2. Patih Srotomo
3. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
1. Prabu Wanagada
2. Ki Ajar Wilis
3. Siung Wanara
Jakarta
1. Putri Tanusekar
2. Murjangkung
Majapahit
1. Perkutut Mertengsari

Blog Archive

free counters  free web counter Counter Powered by  RedCounter dns failure
LOKASI Buat stempel kilat 13 menit jadi
Iklan Melayang