Browse: Home / PUPUH ASMARANDANA

PUPUH ASMARANDANA

Prabu sepuh atitilik, lalayad wusa ing waya, gapuh aris kandikane, e-putuku Braja rara, wuwusen lamonika, wus papasthene Yang Agung, kudu mung samono sira.

Jodho lawan putu mami, mung siwewetengan ira, ingkang gedhe pangrekdane, tarimane ati nira, iku kang mangko gadhang, susulure ramanipun, den salamet urip delap.

Aja sira gawe ati, sasirnane lakinira, mangksa dadiya sangsayane, awak ira wuseng arja, sira momonga anak, salamet besuk yen metu, estrenana madeg nata.

Ing sacangkoke sudarmi, kawasa sira murbaa, apa lakinira bae, lan ika sadulur ira, loro becik jagaa, kaponakane yen metu, iku padha den kareksa.

Talibarat Parwatali, duk lagi ingucap teka, dadak sakala turune, saking awang-awang nembah, ing ngarsane sang nata, pinarcaya sira gupuh, kadika Ciyungwanara.

Talibarat den abecik, jaga kaponakan nira, Parwatali aja gape, embok ana bala wita, isun pracaya ing sira, ya Talibarat matur sandika ing karsa nata.

Ya ta lami-lami, wewetengane si rara, Brajawati dening sejen, ora kajamak lan jalma, yuganira tahunan, ana melang lara busung, sawane atur usada.

Dhudhukun ana anambani, ana nyempad nyata jabang, dening si goronjolane, ana nyempad banget kelang, atos kabina-bina, nyata ika lamon watu, ing jero garba punika.

Ya ta lamining lami, ana maning duracara, banaspati kang manglawe, tumiling ing awang-awang, seja ika nyambera, maring Brajawati wau, seja denjaragan sirna.

Ora kaya Purwatali, kalihira Talibarat, kalangkung ya ing jagane, anulak ing bala wita, bales pati konangan, den tulak padha kawur, tanama wani pareke.

Braja rara estu kapti, Talibarat kang anjaga, sirna bala wita kabeh, salinggihe Braja rara, ana ing rat Pasundhan, tan ana amaling kecu, menak pra kuwu sumembah.

Wus kadi raja pawestri, angreh Sundha sigar wetan, apa ingsun cacangkoke, waktu nata Linggaiyang, karta buwana ira, kaumban roro sadulur, Parwatali Talibarat.

Mangka dhateng waktuneki, Brajawati nulya babar, ora jamak ing rupane, prayayine dudu bocah, rupane ika kadya, galundhung lir gandhik watu, ora asipat ing jalma.

Nanging ika obah mosik, galang-geleng ing tatampa, baleger lir gandhik bae, geger ing wong dalem pura, ana jabang tan jamak, enggal rawuh prabu sepuh, maraja Ciyungwanara.

Aningali jabang bayi, girap-girap sabdanira, la iki nuli kaprimen, ana urip tanpa rupa, iki jenenge apa, gumaluntung kaya watu, ana obah ora swara.

Kapremen dayane iki, dening iku buyut ingwang, ora kajamak rupane, nuli kapara mentala, ambrih dadi manusa, ing mangko dadi susulur, iku kang wus ora nana.

La coba undangan gelis, iku embok nyai indhang, Gunung Sakati watune, ika wong tuwa manawa, sugih reka pandaya, maring kang mengkono iku, manawi wus nemu luwang.

Sigra mangkat angaturi, jeng Nyai Sukati indhang, tan kawarna ing lampahe, akocap sapraptanira, si Indhang Sakati ika, ningali jabang lir watu, ora endhas ora tangan.

Gulundhung wis apa gandhik, kipya-kipyahe nyi indhang, ora guna ora gawe, wong anak-anak bok apa, kang bener aja sarar, ting-banting aja na wuruk, sudi gawe anak Sundha.

Luluhur ingkang mayungi, pingnangeran ing jawata, ruruhe marga benere, aja anerus simpangan, sang kama-kama dadya, kamapmaja kamaptulus, dohena gungsu minggaha.

Nuli nyi Indhang Sukati, ambabar punang paesan, kinacekaken age, maring Dewi Brajawati, wusing kadi mangkana, den kakacakaken gupuh, ing jabang kang kadi tosan.

Sakedhap nuli anjerit, jabang bayi nangis ira, jebol katingal endhase, nuli sinembur den irag, jebol metu kang tangan, kuranggeyan nyawuk-nyawuk, nuli kinetab kang pada.

Jebol dadi metu sikil, sapurna wus sipat jalma, atos-atos pra semone, Indhang Sukati ngandika, kamrala isi jabang, anurut ing kaki buyut, nurut jalma dadi jalma.

Den saiki sun arani, si kacung munggwaya delap, si Linggawesi namane, si buyut kang gawe aran, ambridelap agesang, kanggo nunute si buyut, ana ing jagat Pasundhan.

Sadaya suka ing ati, Brajawati tumon ing putri, wis kajamak lawan uwong, nuwang prabu Ciyungwanara, kalangkung sukanira, ningali kang kaya wau, sampun kaya manusa.

Incoming search terms:
PUPUH  ASMARANDANA

0 komentar:

Posting Komentar

More

Diberdayakan oleh Blogger.
Babad Tanah Jawi
( Galuh Mataram )
GALUH
01. Prabu Banjaransari
02. Patih Srotomo
03. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
01. Prabu Wanagada
02. Ki Ajar Wilis
03. Siung Wanara
Jakarta
01. Putri Tanusekar
02. Murjangkung
Majapahit
01. Perkutut Mertengsari
02. Jaka Bandung
03. Perkelahian tiga sukma
04. Baru klinting
05. Raden Pulunggana
06. Prabu Brawijaya II
07. Prabu Murdaningrum
PAJANG - PENGGING
01. Prabu Pancadriya
02. Prabu Dayangningkung
MAJAPAHIT
01. Prabu Prakumara
02. Prabu Brawijaya IV
03. Seh Ibrahim
04. Raden Jaka Dilah
05. Sunan Ngampel
06. Raden Sahid
07. Dewi Rasa Wulan
08. Ki Jaka Tarub
09. Raden Bondan Kejawan
10. Raden Patah & R. Timbal
11. Sunan Kalijaga
12. Seh Lemah Abang
13. Darmakusuma
14. Ki Supa
15. Masjid Demak
16. Teluh condong - campur
17. Kinom ( Ki Supa - Anom )
18. Ki Pitrang
19. Adipati Natapraja
20. Kinom
21. Sunan Geseng
22. Kyai Pandanarang
23. Patih Gajah Mada
24. Ki Jaka Sura
25. Sunan Ngudung ( Kudus )
26. Laskar Tikus dan Lebah
27. Sunan Lawu
DEMAK BINTORO
01. Senopati Waliyullah
02. Swara Waliuyah
03. Swara sirna catur tunggal
04. Seh Siti Jenar
05. Jaka Sengsara
06. Ki Ageng Pengging
07. Ki Ageng Tingkir
08. Sultan Trenggana
09. Raden Jaka Tingkir
10. Ki Dadung Awuk
11. Wahyu kerajaan
12. Sultan Trenggana
Pajang
01. Sultan Hadi wijaya
02. Ki Rangkut
03. Ni Mas Ratu Kaliyamat
04. Ki Ageng Giring
05. Ki Pamanahan
06. Wirayat Sunan Giri
07. Ki Ageng Mataran
08. Raden Pabelan
09. Ki Bocor
10. Nyai Ratu Kidul
11. Raden Rangga
12. Tumenggung mayang
13. Batu-batu berbicara
14. Pangeran Banawa
MATARAM
01. Raden Umbaran
02. Pelaksanaan wirayat Sunan Giri
03. Nyai Adisari
04. Rangga Kaniten
GALUH
1. Prabu Banjaransari
2. Patih Srotomo
3. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
1. Prabu Wanagada
2. Ki Ajar Wilis
3. Siung Wanara
Jakarta
1. Putri Tanusekar
2. Murjangkung
Majapahit
1. Perkutut Mertengsari

Blog Archive

free counters  free web counter Counter Powered by  RedCounter dns failure
LOKASI Buat stempel kilat 13 menit jadi
Iklan Melayang