Get the Flash Player to hear this stream.
Iklan Melayang
Iklan Melayang
Browse: Home / PUPUH MIJIL

PUPUH MIJIL

PUPUH MIJIL
Indhang Sukati awewekas jati, maring sang dewi reko, poma-poma nini aja aweh, panduman salamet benjing, si kacung den eling, sandenge tumuwuh.

Ya pacuwan ilok akakaca dhiri, kakaca angilo, iya kacung kon pantang sandenge, ora kena ngilo dhiri, tuwin ngilo caremin, tuwin ngilo banyu.

Pan mulane pantang ngilo carmin, krana iku wong, asal sing kono anane, saking kaca timbole dadi, mula ja den kakacani, embok pulih watu.

Pulih watu lebar ingkang jati, poma den angartos, dadi braja aris wangsulane, inggih kasuhun ing sihe nyai, yen tan ana nyai, tangtu ical ruru.

Tedhakane kacung Linggawesi, boten dados ewong, galang gulung wikan jenenge, dupi ika saking pun nyai, kang paring kamarin, saprakawis nuhun.

Inggih minanten langgeng pakeling, prakara samono, ing saweweling ing nyai sakabeh, kang sumeja kula ati-ati, miwah ta ing benjing, pun kacung aemut.

Kula emutaken tan ing benjing, den sampuna angartos, ing basa basuki jalma kabeh, datan wande kula wanti-wanti, pun kacung kapenging, akaca ing besuk.

Ya tan Indhang Sukati wus pamit, kantun prabu kolot, Prabu Ciyungwanara langkung sukane, prayayine den baraseni, den embang tumuli, pinajengan agung.

Pan binakta munggah sitinggil, ginrabeg kabrabon, lan kadhingdhang saruni salompret, calapitaka lawan suling, sinowara gelis, dening sang prabu.

Prabu Ciyungwanara sru angling, la iki dengartos, kawula menak pra kuwu sakabeh, iki jabang wus sun istreni, angadeg narpati, nyuluri kang lampus.

Pan sinebut Prabu Linggawesi, ing Sundha sang katong, ya pragul menak sakabeh, pan gurumu samya matur inggih, sarta den sauri, ing ketuk anglugur.

Geledhuging gurbaning ukir, kakseni den mangko, Linggawesi ing mangke ingistren, ngadeg ratu sing jabang bayi, enggal murud sami, malebet ing kadhatun.

Nelakaken prayayi sartaning, angandika reka, Parwatali Talibarat mangko, enggonira jaga ngati-ati, maring si kacung aji, den becik atunggu.

Kaponakan aja sira cenger ngarsi, kang babasan embok, aja gampangaken salir gawe, kang kalawan angati-ati, embok banaspati, kaya mau-mau.

Sapa wruha nyamber jabang bayi, la sira sakaro, ora liyan ingkang patut molek, arumaksa maring jabang bayi, mung sira sakalih, ingkang luwih patut.

Prabu jabang si Linggawesi, ya ta ika karo, Parwatali Talibarat, atur sembah ing sandika ugi, anulya sang aji, prabu sepuh mantuk.

Mring daleme wus acakapti, kocap sang katong, prabu jabang ing salami-lamine, Talibarat lan Parwatali, ingkang ngaubi maring, (?) kalekanipun.

Prabu jabang ya sang Linggawesi, diwegira mangko, umur tigang tahun jejege, darbe manah berag ing pawestri, sing aistri manjing, ing tobong den susul.

Pan bagane dipun rogohi, dipun ingok-ingok, wong jro pura agawok atine, dening iki majikan cilik, patute wus esir, maring wadon iku.

Dening ora kaliwat sawiji, ingkang manjing tobong, iya padha den sirik sakabeh, sarta lamon ing mangsa ing wengi, yen waktu nyarengi, wadon padha turu.

Den wiyak kapati den grayangi, ingiling den tonton, dadi enggo dodolan duwena, pareng tangiya iku nuli, ora dhing-dhing kelir, den rengkot den rangkul.

Den arasi den pareng ing istri, kang ati sumonggon, iya sida kuwel pareng karasmen, saoli-olihing cilik, tandhinge pawestri, wis gopek sakrangulu.

Ya pinangrengkangi budi teni, kang putra samono, ratu Brajawati age, memetheti ingkang para istri, kang cilik kang becik, pira-pira puluh.

Den go selir ingkang putra aji, langkung den gegembyong, den pantha-pantha adi warnane, den embani sinureni, dipun wiwidahi, burat ganda arum.

Kadya sekara sataman kang asri, warna-warni katon, kadya lintang gumelar aneng, langit warna ing para selir, ingkang cilik-cilik, ing watara umur.

Nelung tahun istri becik-becik, wus pating pancorong, sinijang abrit sakabeh, parandene prabu Linggawesi, tan karsa nyangkrami, istri cilik iku.

Karanane ingkang wus bibit, kang dhenok kang sempwo, kang mragaga dedege gedhe, kang wis sarwa gamoling kapti, mangkana sang aji, suk ing karsanipun.

Incoming search terms:

0 komentar:

Poskan Komentar

Search

Memuat...
Diberdayakan oleh Blogger.
Babad Tanah Jawi
( Galuh Mataram )
GALUH
01. Prabu Banjaransari
02. Patih Srotomo
03. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
01. Prabu Wanagada
02. Ki Ajar Wilis
03. Siung Wanara
Jakarta
01. Putri Tanusekar
02. Murjangkung
Majapahit
01. Perkutut Mertengsari
02. Jaka Bandung
03. Perkelahian tiga sukma
04. Baru klinting
05. Raden Pulunggana
06. Prabu Brawijaya II
07. Prabu Murdaningrum
PAJANG - PENGGING
01. Prabu Pancadriya
02. Prabu Dayangningkung
MAJAPAHIT
01. Prabu Prakumara
02. Prabu Brawijaya IV
03. Seh Ibrahim
04. Raden Jaka Dilah
05. Sunan Ngampel
06. Raden Sahid
07. Dewi Rasa Wulan
08. Ki Jaka Tarub
09. Raden Bondan Kejawan
10. Raden Patah & R. Timbal
11. Sunan Kalijaga
12. Seh Lemah Abang
13. Darmakusuma
14. Ki Supa
15. Masjid Demak
16. Teluh condong - campur
17. Kinom ( Ki Supa - Anom )
18. Ki Pitrang
19. Adipati Natapraja
20. Kinom
21. Sunan Geseng
22. Kyai Pandanarang
23. Patih Gajah Mada
24. Ki Jaka Sura
25. Sunan Ngudung ( Kudus )
26. Laskar Tikus dan Lebah
27. Sunan Lawu
DEMAK BINTORO
01. Senopati Waliyullah
02. Swara Waliuyah
03. Swara sirna catur tunggal
04. Seh Siti Jenar
05. Jaka Sengsara
06. Ki Ageng Pengging
07. Ki Ageng Tingkir
08. Sultan Trenggana
09. Raden Jaka Tingkir
10. Ki Dadung Awuk
11. Wahyu kerajaan
12. Sultan Trenggana
Pajang
01. Sultan Hadi wijaya
02. Ki Rangkut
03. Ni Mas Ratu Kaliyamat
04. Ki Ageng Giring
05. Ki Pamanahan
06. Wirayat Sunan Giri
07. Ki Ageng Mataran
08. Raden Pabelan
09. Ki Bocor
10. Nyai Ratu Kidul
11. Raden Rangga
12. Tumenggung mayang
13. Batu-batu berbicara
14. Pangeran Banawa
MATARAM
01. Raden Umbaran
02. Pelaksanaan wirayat Sunan Giri
03. Nyai Adisari
04. Rangga Kaniten
GALUH
1. Prabu Banjaransari
2. Patih Srotomo
3. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
1. Prabu Wanagada
2. Ki Ajar Wilis
3. Siung Wanara
Jakarta
1. Putri Tanusekar
2. Murjangkung
Majapahit
1. Perkutut Mertengsari

Blog Archive

free counters  free web counter Counter Powered by  RedCounter dns failure