Browse: Home
/
PUPUH SINOM
PUPUH SINOM
04.04 |
Diposting oleh
Fadjar Stempel |
Edit Entri
Iya iku kang dumadya tan sakeca ing sang dewi, Purbasari tumon putra, datan jamak lawan jalmi, dadya tandha rabi, Linggaiyang jalma wudhu, tan ana musuhira, ing anguling ing sarasmi, acombana istrine nuli apejah.
Mangkana lawan mangkana, nuli ana jati wisik, kang eyang Ciyungwanara, angandika ingkang siwi, pitutur kang sajati, kandikane isun rungu, ki bramana tali atma, ing pulo gunung surandhil, iku duwe anak wadon kang anama.
Namane ingkang sinebat, ika Dewi Brajawati, patut den ika dadiya, rabine si Lingga aji, karana Brajawati, bagane wesi atutup, mung ana wara gatra, kasulur tan ana bangkit, marawani saking atose kang baga.
Duginipun ora liyan, among Linggaiyang sayakti, sacombana lawan ika, jar padha wesineki, kawagang ing sarasmi, coba ta sungsungen iku, robbana lan panglamar, la iku gawanen rabi, katalihatma mokal tan pasrah.
Ya ta prabu Pajajaran, Linggaiyang sampun niti, duta maring kasabrangan, ing pulo gunung surandhil, ponggawa kang den titi, Patih Sempokwaja wau, kalawan katumenggungan, Jatipamor apa maning, ki demang Wukubadhak ingkang sami layer.
Ingkang sami kesah ika, Ki Ngabehi Kolotbuntit, sarma bakta palwa sapta, kang isi panglamar aji, ruruba saking Jawi, barang saking Sundha katur, maring bramana ana ing gunung surandhil, tan kawarna layare aneng sagara.
Kocapa sadhatengira, ing pulo gunung Surandhil, dhuta raja ing Pakuwan, pinanggih bramana aji, sarta ngesrahken adi, sedhah panglamaring ratu, sang prabu Linggaiyang, karsane aminta krami, Dewi Brajawati kang dinuking karsa.
Lamarane wus katampan, denira bramana luwih, ing mana suka arena, sinuba ing Linggi, ingkang pra menak prapti, sukane ingkang nanamu, ki bramana taliatma, kali ira ingkang siwi, Danyang Brajangkawat, wus ana ngayunan.
Bramana aris wacana, katur ing sakarsa aji, nayangger Pajajaran, mangke karya angimponi, pecile tiyang dherwis, meng sampun kirang pamuhung, lare istri badhigal, derenguning tata Jawi, nata sundha nayangger mung gamulunga.
Lan malih mangke sakedhap, angantos kadange malih, jaler Dangyang Talibarat, jaler Dangyang Parwatali, sebab ika sakalih, ngumbara ing karsanipun, anglalana ing tawan, tan mudhun-mudhun ing siti, den saingga wonten damel kula petak.
Den sampun kula petak, tangtu punika sakalih, sami tedhak ing ngawiyat, ya ta bramana tali, sigra petak tumuli, sakalih nulya tumurun, ingkang nama talibarata, lan kang nama Prawatali, sakarone wus, minggah ngayunan rama.
Sukaliye pinuturan, adhinira Brajawati, ana kang sudi santosa, Prabu Linggaiyang mangkin, Pajajaran maringi sedhah panglamar amundhut, sukane adhinira, putra sakalih ngastuti, ya subagja adhi sinarwehing nata.
Malak mandar darbe tedhak, amangku sundha nagari, Dangyang Brajakawat nabda, mung wonten melang sakedhik, pun adhi Brajawati, wewesen sarananipun bilih sang nata Sundha, mange boten miyatani, dados wudhu ing Sundha den antuk wiring.
Dhayang parwatali nabda, mangsa ngijira sang aji, karana pidhanget kula, Prabu Linggaiyang sami, sarananipun wesi, pinten-pinten selir lampus, ingkang pejah dinahar, boten amindhoni malih pramilane angupaya tandhangira.
Dhayang Talibarat nabda, tan kaping kalih adhi, kedah tinaros kentasa, punika ingkang nglakoni, kranten dede lare alit, bokmanawi mangke sigug, dados kita kesseman, ing wedra kirang panari, boten dados basa jadra ponsasmata.
Ya ta DEWI Braja rara, punika sampun tinari, den piyambeke kinarsa, ing ratu Sundha negari, paran ati lumiring, atawa ing tan purun, Brajawati aturnya, kahula amdherek maring, sakarsane andherek dhateng jeng rama.
Kahula darma lumampah, awon penes panitihing, wongtuwa datan pejah, kahula liwarsa demi, ya ta bramana Tali, ing manah kalangkung sukur, re kang putra sumandha, ing karsane rama yugi, dadya turun rena ngaturaken putra.
Brajawati wus pinuja, ing jati dipun dandosi, sarananing katewangan, ing parahu kang den apti, dening kadang kakalih, Parwatali namanipun, kalawan sang Talibarat, kang angeteraken rayi, Brajawati lalayaran maring Sundha.
Kering marang sang potusan, saking Sundha angsal kardi, angsal putrining bramana, sing pulo gunung surandhil, putri Sundha negari, kalangkung ing rena ipun, giyak-giyak anembang, genya layar enggal prapti, aneng nagri Sundha ingarsa sang nata.

Incoming search terms:
Label:
Babad Galuh
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
- Allah (1)
- Arya Penangsang (1)
- Babab Manik Angkeran (1)
- Babad Demak (9)
- Babad Dipanagaran (1)
- Babad Galuh (25)
- Babad Kadhiri (1)
- Babad Mangir (6)
- Babad Nitik Kandjeng Sultan Agung (1)
- Babad Tanah Jawi (1)
- Cheng Ho (1)
- Joko Lodang (1)
- Joyoboyo (1)
- Kerajaan Sunda (1)
- Paparaton (7)
- Raden Patah (1)
- Ranggawarsita (2)
- Serat Centhini Mangunprawiran (1)
- Serat Jangka Tanah Jawi (1)
- Serat Kalatida (1)
- Siti Jenar (3)
- Suluk Sujinah (1)
- Sunan Bonang (3)
- Sunan Kalijaga (3)
Diberdayakan oleh Blogger.
Babad Tanah Jawi
( Galuh Mataram )
GALUH
01. Prabu Banjaransari
02. Patih Srotomo
03. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
01. Prabu Wanagada
02. Ki Ajar Wilis
03. Siung Wanara
Jakarta
01. Putri Tanusekar
02. Murjangkung
Majapahit
01. Perkutut Mertengsari
02. Jaka Bandung
03. Perkelahian tiga sukma
04. Baru klinting
05. Raden Pulunggana
06. Prabu Brawijaya II
07. Prabu Murdaningrum
PAJANG - PENGGING
01. Prabu Pancadriya
02. Prabu Dayangningkung
MAJAPAHIT
01. Prabu Prakumara
02. Prabu Brawijaya IV
03. Seh Ibrahim
04. Raden Jaka Dilah
05. Sunan Ngampel
06. Raden Sahid
07. Dewi Rasa Wulan
08. Ki Jaka Tarub
09. Raden Bondan Kejawan
10. Raden Patah & R. Timbal
11. Sunan Kalijaga
12. Seh Lemah Abang
13. Darmakusuma
14. Ki Supa
15. Masjid Demak
16. Teluh condong - campur
17. Kinom ( Ki Supa - Anom )
18. Ki Pitrang
19. Adipati Natapraja
20. Kinom
21. Sunan Geseng
22. Kyai Pandanarang
23. Patih Gajah Mada
24. Ki Jaka Sura
25. Sunan Ngudung ( Kudus )
26. Laskar Tikus dan Lebah
27. Sunan Lawu
DEMAK BINTORO
01. Senopati Waliyullah
02. Swara Waliuyah
03. Swara sirna catur tunggal
04. Seh Siti Jenar
05. Jaka Sengsara
06. Ki Ageng Pengging
07. Ki Ageng Tingkir
08. Sultan Trenggana
09. Raden Jaka Tingkir
10. Ki Dadung Awuk
11. Wahyu kerajaan
12. Sultan Trenggana
Pajang
01. Sultan Hadi wijaya
02. Ki Rangkut
03. Ni Mas Ratu Kaliyamat
04. Ki Ageng Giring
05. Ki Pamanahan
06. Wirayat Sunan Giri
07. Ki Ageng Mataran
08. Raden Pabelan
09. Ki Bocor
10. Nyai Ratu Kidul
11. Raden Rangga
12. Tumenggung mayang
13. Batu-batu berbicara
14. Pangeran Banawa
MATARAM
01. Raden Umbaran
02. Pelaksanaan wirayat Sunan Giri
03. Nyai Adisari
04. Rangga Kaniten
GALUH
1. Prabu Banjaransari
2. Patih Srotomo
3. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
1. Prabu Wanagada
2. Ki Ajar Wilis
3. Siung Wanara
Jakarta
1. Putri Tanusekar
2. Murjangkung
Majapahit
1. Perkutut Mertengsari
0 komentar:
Posting Komentar