Browse: Home / Babad Mangir ( PANGKUR )

Babad Mangir ( PANGKUR )

SANG RAJA PUTRI

P A N G K U R

1. Matur sandika gya mangkat / Wanci bangun raina nggennya mijil / Lampahira rangu-rangu / Dipati Mandaraka / Sampun medal sangking sajroning kedhatu n / Ndhawuhi wong kapetangan / Njampangi sang Raja Putri //

2. Kuneng kang kantun nagara / Kawarnaa kang lumampah mring Mangir / Datan kewarna ing enu / Prapta Mangir semana / Amarengi ungsume wong-wing merti dhusun / Alaris kathah kang nanggap / Kasusra dhalang negari //

3. Lawan malih wus kawarta / Lamun dhalang darbe atmaja estri / Warnane ayu kelangkung / Desa tan ana madha / Dadya katur mring Ki Ageng Mangir sampun / Duk semana tinimbalan / Dhalang mring Ki Ageng Mangir //

4. Wus prapta tata alenggah / Neng mendhapa Ki Ageng amanggihi / Namadunya sebdanya rum / Ki Dhalang nuwun turnya / Tanya malih sinten wewangenireku / Lan sangking pundi pinangka / Ki Dhalang amatur aris //

5. Kawula pun Sandiguna / Angsal ulun Negari ing Kedhiri / Andherek mring Gusti ulun / Senopati ing Pamenang / Mbalik dhateng gusti sang Prabu Mentarum / Nging seda madyaning rana / Keng sampyuh lan pun Pesagi //

6. Mila wonten Mentaram / Ki Geng Mangir mangkya ngandika ris / Kula nedha damelipun / Kisanak ndika mayang / Wonten ngriki Ki Sandiguna turipun / Sumangga yen wonten karsa / Semana sampun alatri //

7. Tata wayang neng pringgitan / Ingkang nggender Adisara respati / Sang Retna lenggah neng pungkur / Ira Ki Sandiguna / Saradipa punika nabuh kempul / Sandisasmita angendhang / Wus lajeng lekas aringgit //

8. Lampahane Pikukuhan / Ki Ageng Mangir ningali neng mendhapi / Mulat ingkang atmajanipun / Dhalang ayu utama / Nora linyok sagung wong ingkang anggunggung / Ki Ageng branta ing nala / Sakbandanira aringgit //

9. Tinimbalan mering mendhapa / Ki Geng Mangir Tanya wecana manis / Rarestri lenggah ing pungkur / Dika kapernah napa / Kiyai Dhalang Sandiguna lon umatur /Punika anak kawula / Lairan saking Kedhiri //

10. Ki Ageng malih tanya / Nggih punapa teksih legan puniki / Sandiguna aturipun / Mila teksih alegan / Dereng wonten kang dados parenging kalbu / Ki Ageng Mangir wecana / Yen paring dika Kiyai //

11. Anak dika kula tedha / Karya krama, Sandiguna turnya ris / Yen Tuwan sudi jumurung / Mupu tiyang ngumbara / Tanpa wisma, Ki Ageng wecana arum / Lah dika Kyai tetepa / Awisma wonten ing riki //

12. Tan ginustha rembagira / Sang Retnayu ingaturaken aglis / Ing dalu ingkang winuwus / Dyah arsa cinengkraman / Sang Retnayu akekah sarwi anuwun / Ki Ageng nglimur ngrerepa / Paran Nimas dadi galih //

13. Wong ayu ngur memundhuta / Ingkang adi-adi dasih ngladosi / Sang Retna nembah umatur / Alon sarwi karuna / Kyai Ageng kawula matur satuhu / Dede atmajaning dhalang / Kula putra ing Mentawis //

14. Margine kawula kesah / Pan tinari krama kula tan apti / Sanget duka Rama Prabu / Kula pilalah pejah / Milanipun kalampahan kula tinundhung / Sing pura mila ngembara //

15. Kawula pinundhut anak / Dhateng dhalang mila tumut mariki / Temahan Panduka pundhut / Kangjeng Rama tan wikan / Lamun yektos Panduka sudi amupu / Dhateng dama kawlas arsa / Nging wonten panuwun mami //

16. Panduka sowan Mentaram / Ing Jeng Rama kawula nggih umiring / Tamtu bingah Rama Prabu / Darbe mantu Panduka / Mung punika kang dados panuwun ulun / Yen Panduka datan arsa / Sowan dhateng Mentawis //

17. Sayektos sun plaur pejah / Boten purun kawula angladosi / Ajrih durakeng Ywang Agung / Durakeng ing sudarma / Ki Ageng Mangir miyarsa ngartikeng kalbu / Yen mangkono raganingwang / Tan kaliru nggosun mipil //

18. Nemu putraning Narendra / Dadi dudu anaking dhalang sayekti / Iya sokur mring Ywang Agung / Sun katiban jimat / Ki Ageng Mangir angandikan manis arum / Dhuh Gusti sun turut sira / Sun seba Rajeng Mentawis //

19. Dilalah kersaning Sukma / Ki Ageng Mangir manahira agampil / Sangking sanget nandhang wuyung / Marang kusumaning dyah / Kyageng Mangir ngrerepa “Dhuhmirah ingsun” / Nanging Gusti jampenana / Kang abdi kandhon kingkin //

20. Sayekti tumekeng pejah / Ingkang abdi yen tan pinaring jampi / Wurung mati turut lurung / Pinunggel kang asmara / Sang Dyah Ayu sampun anglanggati sampun / Kawarnaa sampun enjang / Sandiguna den timbali //

21. Wus prapta lenggah mendhapa / Ki Ageng Mangir tetanya arum manis / Paman manira satuhu / Tanya dhateng andika / Rare niki napa anak dika tuhu / Ki Dhalang umatur seca / Yektose nggen kula manggih //

22. Rare wonten pangumbaran / Kula tanya bibit kawiting nguni / Tan seca kang darbe sunu / Ngaken rare ngumbara / Sampun lola tan ndarbeni bapa biyung / Sedaya sampun pejah / Milane kulambil siwi //

23. Ki Ageng marwata suta / Jroning galih bungahira tan sepi / Ngemu nyata tur ing dalu / Dadya Ki Ageng warah / Mring Ki Sandiguna / Sang Retna turipun / Ngaken putir ing Mentaram / Putrane Sang Senopati //

24. Lah nedha sami aseba / Mring Mentaram ngaturaken sang Putri / Ki Sandiguna andheku / Inggih dhateng sumangga / Ki Geng Mangir ngundhangi mring nak putu / Tuwin ingkang kulawangsa / Ing Mangir sami kinerig //

25. Dandan tandhu lan jajaran / Tuwin gawan tur atur mring Mentawis / Busekan wong Mangir sampun / Sumekta upacara / Lan bebetan asrah bulu bektenipun / Kuneng ing Mangir kang dandan / Ucapen ki Gunasandi //

26. Ing ndalu apirembagan / Saradipa ingutus tur upeksi / Ing Gusti Rajeng Mentarum / Dalu denira mangkat / Tan kawarna ing marga ing lampahipun / Enjing prapta ing Mentarum / Lajeng tumameng jro puri //

27. Cundhuk ing sang Senopatya / Saradipa sumungkem ing pada Ji / Sarwi alon aturipun / Ulun ngunjuki pirsa / Sampun katur saniskareng ngutus / Tuwin solahe neng kana / Sampun katur sedyaning //

28. Trustha sang Rajeng Mentaram / Animbali Dipati Mandaraka glis / Tan dangu prapteng kedhatun / Cundhuk putra Narendra / Panembahan Senapati ngandika rum/ Lah ta Paman Mandaraka / Pun Mangir arsa suwiwi //

29. Inggih Paman undhangana / Tyang Mataram sami prayitneng wisthi / Ananging ta dipun samun / Mandaraka tur sandika / Ingundhangan sagung wadya ing Mentaram / Wus sami prayitneng baya / Kuneng nagri ing Mentawis //

30. Ing Mangir kang kawarna / Kyai Ageng arsa utusan dingin / Tur uninga ing sang Prabu / Mentarum kang dinuta / Dhalang Sandiguna kinanthen wau / Awasta Ki Singajaya / Pinituwane wong Mangir //

31. Ingiring wong kalih dasa / Kakapalan lampahira pun aglis / Kuneng ta ingkang lumaku / Kawarnaa Mentaram / Sri Narendra miyos sineba wadya gung / Lenggah ing dampar kencana / Munggeng ing Bangsal Pangrawit //

32. Pepak gung putra sentana / Kyai Depati Mandaraka munggeng ngarsi / Tan dangu na jalma rawuh / Njujug waringin kembar / Tyang kekalih lenggah apepe tumungkul / Kawistareng ing Narendra / Gandhek kinen marika glis //

33. Wong gandhek lampahnya gancang / Sampun panggih lawan jalma kang prapti / Tinaken sampun matur / Lamun Mangir caraka / Sigra wangsul gandhek lampahe tan santun / Prapteng byantara tur sembah / Pukulun atur upeksi //

34. Gusti jalma ingkang prapta / Dutanipun didalem Ki Ageng Mangir / Sang Nata ngadika arum / Lah age timbalana / Wadya gandhek tur sembah sigra awangsul / Lampahira sampun prapta / Ndawuhaken timbalan aji //

35. Nedha andika ngandika / Tur sandika duta kalih kairid / Prapta byantara wotsantun / Muka sumungkem kisma / Sri Narendra pangandikanira arum / Lah sira kinongkon apa / Marang Ki Ageng ing Mangir //

36. Duta umatur wotsekar / Lun dinuta gusti atur upeksi / Ki Ageng Mangir pukulun / Ngaturaken pejah gesang / Tur uninga konjuk ing Gusti sang Prabu / Ing mangke manggih wanodya / Angaken putra Nerpati //

37. Den Ajeng Pembayun nama / Lamun yektos putra dalem Nerpati / Didalem Mangir cumundhuk / Ndherekken putra Nata / Sri Narendra angandika manis arum / Iya nyata putraning wang / Kang murca kalaning wengi //

38. Lir jinumput Sukmamanangsa / Sun ulati wus lawas tan kepanggih / Mengko jebeng Mangir nemu / Ingsun sokur ing sukma / Besuk apa nggone seba putraningsun / Pan ingsun utusan mapag / Mring putrengeng Nini Putri //

39. Ing benjang respati sowan / Sri Narendra ngandika Lah ya uwis / Sun tarima bektenipun / Age sira balia / Tur sandika duta nembah sigra mundur / Sapengkere ponang duta / Sang Nata ngandika aris //

40. Inggih Paman Mandaraka / Benjang Kemis den sudhiya ing jurit / Ingkang methuk putraningsun / Aneng jaban negara / Tur sandika sang Nata kondur ngedhatun / Kang sewaka sampun bubar / Sedaya mangati-ati //

41. Duta tan kawarneng marga / Lampahira ing Mangir sampun prapti / Katur saatur ingutus / Miwah wewelingira / Sri Narendra Mentaram sedaya katur / Ki Ageng suka ing nala / Sigra angundangi dasih //

42. Sumekta enjinge budhal / Wong ing Mangir kerig samya umiring / Gegaman wetara sewu / Tuwin ingkang bebektan / Raja putri tinitihaken tandu / Tanapi Ni Adisara / Tan pisah kalih sang Putri //

43. Upacarane bra sinang / Jajare merapit kanan kering / Ki Ageng busana murup / Ki Baru datan tabah / Munggeng kanan Ki Geng nitih mungguh / Ginarebeg sentanannya / Kinubeng gegaman asri //

44. Lir pindah binayang karya / Dhasar bagus wau Ki Ageng Mangir / Abusana adiluhung / Lir pendah Partaajmaja / Raja putri lumampah munggeng ing ngayun / Upacara munggeng ngarsa / Ing wuri wongmager sari //

45. Gotongan lampah ngarsa / Ingkang badhe katur Raden Mentawis / Apan kathah waranipun / Gotongan myang rembatan / Lampah ndulur asri munggeng ing marga gung / Rembeg lampahireng wadya / Akathah tiyang ningali //

46. Ing Mangir sampun kawuntat / Lampahira Karasan sampun prapti / Arerep wonten ing ngriku / Ngasoen wadyabala / Kawarnaa Sri Narendra ing Mentarum / Njing miyos siniwaka / Pepak kang para dipati //

47. Sang Dipati Mandaraka / Munggeng ngarsa lan Pangran Mangkubumi / Tuwin Pangran Singasantun / Pangran Dipati Kanan / Pangran Puger punika ingkang sumambung / Jeng PangranJagaraga / Pangran Purbaya nambungi //

48. Sang Dipati Mandaraka / Neng Sitinggil wau dennya miranti / Bupati maglaran sampun / Miwah mantri Mentaram / Enengana kang lumampah / Sira Ki Ageng ing Mangir //

49. Gancanging carita prapta / Sudimara wau Ki Ageng Mangir / Pangeran Mangkubumi menthuk / Dhumateng ingkang putra / Nulya rerep sira Den Ajeng Pembayun / Umatur dhateng kang raka / Nenggih Ki Ageng ing Mangir //

50. Lah punika Kangjeng Paman / Pangeran Mangkubumi ingkang satunggil / Paman Pangran Singasantun / Amethuk ing kawula / Ki Geng Mangir sangking turangga tumurun / Aris denira lumampah / Panggih Jeng Pangeran kalih //

51. Ki Baru tan kena tebah / Raden Ayu Pembayun medhak aglis / Lumajeng angraup suku / Ngabekti mring kang Paman / Sekaliyan kang paman sami ngemu luh / Sang Dyah sumungkem karuna / Wus kinen tata alinggih //

52. Ki Ageng Mangir salaman / Lan Jeng Pangeran Mangkubumi gumanti / Jeng Pangeran Singasantun / Wus sami tata lenggah / Namudana Pangran kalih mring kang rawuh / Nuwun Ki Geng Mangir turnya / Pangeran ngandika malih //

53. Dhuh angger lampah manira / Pan ingutus ramanta sang Nerpati / Methuk arinta sang Ayu / Ping kalih jengandika / Kaping tiga manira kinen sung pemut / Yen panduka arsa sowan / Dhateng ramanta sang Aji //

54. Sampun sagelar sapapan / Langkung ewet sang Nata tan manggihi / Tan taningal seca tuhu / Ngabekti wong atuwa / Yen sembada Angger luwung kinen mundur / Sagunge ingkang gegaman / Rumeksaa dalem Mangir //

55. Menawi andika lama / Neng Mataram ing wuri langkung watir / Dene ingkang atut pungkur / Amungna upacara / Nadyan gaman mungna sawetara tumut / Pantese sowan ing Nata / Sampun angaget-ageti //

56. Bupati andher aseba / Para mantri Majegan sampun nangkil / Prajurit barisnya tepung / Munggeng alun-alun aglar / Ingkang saos badhe methuk sang Dyah Ayu / Ingkang sangking pangambaran / Saha prayitna ing westhi //

57. Sang Nata alon ngandika / Paman Mandaraka sumangga kardi / Manira wonten kedhatun / Ing jawi jengandika / Sang Dipati sandika ing aturipun / Dipati Mandaraka nabda / Lah ta Kulup Mangkubumi //

58. Lawan kulup Singasekar / Lah methuka aneng jaban negari / Mantri Majegan kang milu / Den prayitna ing baya / Yen si Mangir deniring gegaman agung / Den andhega Sudimara / Aja akeh ingkang ngiring //

59. Sira Puger Purbaya / Lah methuka Danalaya den aglis / Wong Kajoran ingkang milu / Yen Mangir prapteng kana / Gegamane andhega aja leh milu / Mung karia upacara / Kang ngiringi mlebu negari //

60. Dene sagung pra nayaka / Aseba aneng ing Pancaniti / Wiroguna ingsun tuduh / Sebaa Panguraken / Yen si Jebeng Mangir prapta aneng riku / Andhege upacaranya / Muga kekasih kang ngiring //

61. Tuwin para sentananya / Ingkang ngodhe jalu miwah pawestri / Ngiringa marang kedhatun / Sun aneng Brajanala / Gung prajurit barisa pendhem sedarum / Densamun den ngati-ati //

62. Sedaya matur sandika / Sigra budhal Pangeran Mangkubumi / Lan Pangeran Singasantun / Lan Mantri Pamajengan / Sampun prapta Sudimara nggennya methuk / Pangeran Puger Parubaya / Ing Danalaya miranti //

63. Tanapi wadya Kajoran / Wiroguna Pangraken miranti / Prajurit ngubeng kedhatun / Nanging samun barisnya / Sri Narendra sampun kondur angedhatun / Dene sagung para putra / Sedaya neng Srimanganti //

64. Ki Ageng Mangir nuwun turnya / Pinaringan prayogi anglampahi / Wadya ingundhangan mantuk / Rumeksa ing wuntat / Mung karia nderek wong patang puluh / Lawan wadya upacara lan gegawan mbacut sami //

0 komentar:

Posting Komentar

More

Diberdayakan oleh Blogger.
Babad Tanah Jawi
( Galuh Mataram )
GALUH
01. Prabu Banjaransari
02. Patih Srotomo
03. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
01. Prabu Wanagada
02. Ki Ajar Wilis
03. Siung Wanara
Jakarta
01. Putri Tanusekar
02. Murjangkung
Majapahit
01. Perkutut Mertengsari
02. Jaka Bandung
03. Perkelahian tiga sukma
04. Baru klinting
05. Raden Pulunggana
06. Prabu Brawijaya II
07. Prabu Murdaningrum
PAJANG - PENGGING
01. Prabu Pancadriya
02. Prabu Dayangningkung
MAJAPAHIT
01. Prabu Prakumara
02. Prabu Brawijaya IV
03. Seh Ibrahim
04. Raden Jaka Dilah
05. Sunan Ngampel
06. Raden Sahid
07. Dewi Rasa Wulan
08. Ki Jaka Tarub
09. Raden Bondan Kejawan
10. Raden Patah & R. Timbal
11. Sunan Kalijaga
12. Seh Lemah Abang
13. Darmakusuma
14. Ki Supa
15. Masjid Demak
16. Teluh condong - campur
17. Kinom ( Ki Supa - Anom )
18. Ki Pitrang
19. Adipati Natapraja
20. Kinom
21. Sunan Geseng
22. Kyai Pandanarang
23. Patih Gajah Mada
24. Ki Jaka Sura
25. Sunan Ngudung ( Kudus )
26. Laskar Tikus dan Lebah
27. Sunan Lawu
DEMAK BINTORO
01. Senopati Waliyullah
02. Swara Waliuyah
03. Swara sirna catur tunggal
04. Seh Siti Jenar
05. Jaka Sengsara
06. Ki Ageng Pengging
07. Ki Ageng Tingkir
08. Sultan Trenggana
09. Raden Jaka Tingkir
10. Ki Dadung Awuk
11. Wahyu kerajaan
12. Sultan Trenggana
Pajang
01. Sultan Hadi wijaya
02. Ki Rangkut
03. Ni Mas Ratu Kaliyamat
04. Ki Ageng Giring
05. Ki Pamanahan
06. Wirayat Sunan Giri
07. Ki Ageng Mataran
08. Raden Pabelan
09. Ki Bocor
10. Nyai Ratu Kidul
11. Raden Rangga
12. Tumenggung mayang
13. Batu-batu berbicara
14. Pangeran Banawa
MATARAM
01. Raden Umbaran
02. Pelaksanaan wirayat Sunan Giri
03. Nyai Adisari
04. Rangga Kaniten
GALUH
1. Prabu Banjaransari
2. Patih Srotomo
3. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
1. Prabu Wanagada
2. Ki Ajar Wilis
3. Siung Wanara
Jakarta
1. Putri Tanusekar
2. Murjangkung
Majapahit
1. Perkutut Mertengsari

Blog Archive

free counters  free web counter Counter Powered by  RedCounter dns failure
LOKASI Buat stempel kilat 13 menit jadi
Iklan Melayang