Browse: Home / PUPUH KINANTHI

PUPUH KINANTHI

Warnanen Lutungkasarung, ningali kang prameswari, teka kapareng kang garwa, mesem manis awe sira, sang raja sigra trangginas, angrungrum ing prameswari.

Kang garwa lumados sampun, tumulus adhicombani, tutuging asisiyan, kaya pa adating krami, carema la pitung dina, kaduk sang prameswari.

Wus bobot ing wancinipun, kalangkung ing lelesneki, bersih kuning gilang-gilang, Lutungkasarung langkung asih, dhumateng kang prameswara, Purbasari kang pinundhi.

Kinundang putra ajalu, sumulura maring mami, dhateng karajaan ingwang, duga nyidham sanga sai, binakta amadhang wulan.

Sang prabu Lutungkasarung, angaras-aras kang rayi, kalangkung den kumadana, ing marma tur eman arsi, wau amiyarsa swara, ing sajroning wetengneki.

Mangkana pamuwusipun, asang prabu ta sireki, saiki dumama eman, ing isun kalimat lewih, nanging besuk yen wis medal, ingsun males ing sireki.

Sira iku aja tambuh, iya sun bra … luwih, kang sira dhingin prajaya, mulane engatna benjing, anak-anak maring ingwang, aja tungkul eman nesip.

Pareng semana sang prabu, myarsa swara aruntik, tan eca guling adhahar, yen kengetan ingkang wngsit, emar lesu les-elesan, kalangkung ing ruhing galih.

Malah sedheng babar sampun miyos lanang kang prayayi, la bagus suwarnanira, cayane gumilang bening, tan antara dangunira, kang rama anyandhak aglis.

Dhateng jabang bayinipun, dinulang upan mandi, iku jabang ora pejah, tanpa kara-kara nuli, enggal ngunus pedhangira, sinumbele kang prayayi.

Prandene tan pasha iku, Purbasari aningali, kang putra dipun prajaya, anjerit lumajeng agasik, karsa ingayun ing rama, prabu Ciyungwanara aji.

Umatur ing ramanipun, Lutungkasarung alali, punika mejani putra, nembe siji dipejahi, sang prabu Ciyungwanara, miyarsa aturing siwi.

Lumajeng malah ambendhung, maring mantu ingkang lali, sigegen ana ing marga, kocap kang mrajaya siwi, kang putra den wasa-wasa, pon tan kena ing pati.

Dadya winadhahan sampun, pethi winuwang tumuli, kali cilutung ya nyata, wis kabekta dhateng warih, ageng santer ilinira, wus sirna kagawa warih.

Sareng wis binuwang sampun, arawuh kang rama neki, kalih garwa takon jabang, matur kula birat kali, ing lepen cilutung sirna, sampun kabekta ing warih.

Yata prameswari wau, Purbasari nibang siti, kasirep lelohing putra, prabu sepuh ngendika ris, embaning turun ingwang, pon isun binuwang dhingin.

Kali iku ing ramanipun, prabu Galuh duk ing dhingin, prandekane iya welas, papasthene jabang bayi, kudu anurut ing eyang, kang gaib luwih ningali.

Kawarnaa sira sang ayu, Purbasari sawunguning, sajrone wau kantaka, ana ingkang swara jati, Purbasari aja sira, melang maring anak siji,

Kang bunuwang iya iku, si jabang mangsa amati, tangto kena ika dhelap, besuk bias muter nagri, anyuluri bapanira, den pracaya kang murbeng bumi.

Sang cinta tan cidra iku, besuk titenana mangkin, sang putrid dadak sakala, dewi Purbasari lilir, egar suka manahira, sampun ngunjung kang ayugi.

Angunjung kaliyan kakung, kang mratuwa den unjungi, ing manah wus palipurna, prabu sepuh ngandika ris, he mantu wruha sira, awake kang gadhang niladi.

Rama Galuh dun rumuhun, den idhep ing pameradning, karana sabebet kita, ora aliyan panukmaning, alalise iya merad, Lutungkasarung aturnya ris.

Sih jati waraha nuhun, pameradan pocapaning, sawadose kula ngalap, ing rama prapona benjing, yen dugi ing ajal kula, boten susah angilari.

Angadika prabu sepuh, ki mantu la tampeni, pungpung saiki purnama, kang aji pamerdaning, sabebet kula Santana, ing Galuh ora na liyan maning.

Yata prabu Lutungkasarung, enggal sira anampani, mratuwane kang ambabar, ing ilmu pameradaning, ya sang prabu Ciyungwanara, kandikane sira nini.

Purbasari nyingkira babu, manjinga ing dalem puri, sebab sira ora pacak, panukmanira lan laki, enggal Purbasari memba, maring dalem Kenya puri.

Wus tanpa Lutungkasarung, jati wisik ingkang yugi, ungelling ingkang piwara, onya ing sukma lewi, sukma rasa sukma larang, gumawang tanpa cantelaning.

Kadhaton tanpa gon iku, gumilang sarira mami, lenyep ilang dat pes ilang, angles-les angluwar ragi, oranana ing rat jagat, sakabeh-kabeh tan kari.

Incoming search terms:

0 komentar:

Posting Komentar

More

Diberdayakan oleh Blogger.
Babad Tanah Jawi
( Galuh Mataram )
GALUH
01. Prabu Banjaransari
02. Patih Srotomo
03. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
01. Prabu Wanagada
02. Ki Ajar Wilis
03. Siung Wanara
Jakarta
01. Putri Tanusekar
02. Murjangkung
Majapahit
01. Perkutut Mertengsari
02. Jaka Bandung
03. Perkelahian tiga sukma
04. Baru klinting
05. Raden Pulunggana
06. Prabu Brawijaya II
07. Prabu Murdaningrum
PAJANG - PENGGING
01. Prabu Pancadriya
02. Prabu Dayangningkung
MAJAPAHIT
01. Prabu Prakumara
02. Prabu Brawijaya IV
03. Seh Ibrahim
04. Raden Jaka Dilah
05. Sunan Ngampel
06. Raden Sahid
07. Dewi Rasa Wulan
08. Ki Jaka Tarub
09. Raden Bondan Kejawan
10. Raden Patah & R. Timbal
11. Sunan Kalijaga
12. Seh Lemah Abang
13. Darmakusuma
14. Ki Supa
15. Masjid Demak
16. Teluh condong - campur
17. Kinom ( Ki Supa - Anom )
18. Ki Pitrang
19. Adipati Natapraja
20. Kinom
21. Sunan Geseng
22. Kyai Pandanarang
23. Patih Gajah Mada
24. Ki Jaka Sura
25. Sunan Ngudung ( Kudus )
26. Laskar Tikus dan Lebah
27. Sunan Lawu
DEMAK BINTORO
01. Senopati Waliyullah
02. Swara Waliuyah
03. Swara sirna catur tunggal
04. Seh Siti Jenar
05. Jaka Sengsara
06. Ki Ageng Pengging
07. Ki Ageng Tingkir
08. Sultan Trenggana
09. Raden Jaka Tingkir
10. Ki Dadung Awuk
11. Wahyu kerajaan
12. Sultan Trenggana
Pajang
01. Sultan Hadi wijaya
02. Ki Rangkut
03. Ni Mas Ratu Kaliyamat
04. Ki Ageng Giring
05. Ki Pamanahan
06. Wirayat Sunan Giri
07. Ki Ageng Mataran
08. Raden Pabelan
09. Ki Bocor
10. Nyai Ratu Kidul
11. Raden Rangga
12. Tumenggung mayang
13. Batu-batu berbicara
14. Pangeran Banawa
MATARAM
01. Raden Umbaran
02. Pelaksanaan wirayat Sunan Giri
03. Nyai Adisari
04. Rangga Kaniten
GALUH
1. Prabu Banjaransari
2. Patih Srotomo
3. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
1. Prabu Wanagada
2. Ki Ajar Wilis
3. Siung Wanara
Jakarta
1. Putri Tanusekar
2. Murjangkung
Majapahit
1. Perkutut Mertengsari

Blog Archive

free counters  free web counter Counter Powered by  RedCounter dns failure
LOKASI Buat stempel kilat 13 menit jadi
Iklan Melayang