Browse: Home / PUPUH DHANDHANGGULA

PUPUH DHANDHANGGULA

PUPUH DHANDHANGGULA
Nyi Calangcang sajege angimponi, Linggaiyang ora kakurangan, dumadi kasugiyane, karana lare iku, angrewangi agawe wesi, watu ingkang kinarya, wesi wus brapikul, agaweyan kang tahuna, pan sinambut palastha sadina becik, saktine sang Linggahiyang.

Lawas-lawas kirane andugi, Linggaiyang umur rolas warsa, iku teka reremane, angalasan awangun, omah wesi aneng wanadri, aran wana Cikandhang, jar ai wesi nurut, wesi lir lempung kewala, omah wesi nem dina sampun waradin, kukuh kikib agarba.

Ki Calangcang Nyi Calangcang angling, mung ta sira kacung gawe omah, wesi ing ngalas genahe, la dingo apa iku, aja patiya sugih wani, embok sisikuning raja, yen iku karungu, dadi apa awak ira, ya si bapa si embok tan wurung dadi, milu kara baraba.

Linggahiyang wangsulane aris, bapak embok sampun tan pracaya, dhateng kula ingkal awon, digjabenduning ratu, gisik bapa sampun uning, pun embok tingalana, jogede kang sunu, ingkang aran Linggaiyang, wani mati kendel wani ambelani, angrebut bapa biyang.

ora lawas la ika tumuli, Linggaiyang wangun rante tosan, kang adi warna lekere, lemes kadya tatangsul, lan kena dienggoa bebenting, nanging yen digelar dadya, bale rante bagus, nanging lamon lininggiyan, iku bale ora karuwan maning, ya iku dhadhak sakala.

Dadi rante anjiret kang linggih, akeh jalma padha kagawokan, kasuhur ing kasaktene, Linggaiyang apunjul, ki Calangcang ta ingucap aris, kacung iku dingo apa gawe bale iku, ya kene ginegem ginelar, dingo apa teka sun maras kang ati, ya wedi maring nata.

Ya sang prabu Lutungkasarung linuwih, sapa wruha bok kadengangan, tur ta ora sanyatane, sira katiti luput, tanpa bayanya lampahi, ing siasating nata, tiwas temahipun, jar kasndhung ing arata, yaw is aja ilok gawe tanpa tut dadi, riringganing nagara.

Linggaiyang matur boten sanggi, kadengangan ingkang kula ajap, kula ngilari lalangen, ya ra pon dipun siku, marga anglanggar narpati, dhasare ratu Sundha, nunggang tawa musuh, mrajaya bramana Lingga, wong tan dosa mamateni den pateni, ika sang ratu apa.

Pan sakedhap ki Calangcang ngarti, nititeni apa iki bocah, anaking bramana reko, dening si namanipun, Linmggaiyang patute iki, seja males puliya, mring bapane mau, buktine kakecap menga, ing basane arep males ing sang aji, sung sengge iya nyataa.

Ora suwe Linggaiyang mijil, sarta nggegem arante mandira, mring alun-alun puruge, munggah ing lemah dhuwur, para mantra datan upaksi, Linggaiyang wus ngangkat, anabuh adhenggung, pusakaning Pajajaran, datan kena tinabuh puniki, yen tan pejah nalendra.

waktu iku tinabuh den titir, geger samya bala Pajajaran, nyana sang ratu sumered, umreging bala agung, atandha sing enda-endi, pra mantra acingak, waspaos andulu, katingal sanyata bocah, surak ing wong iki bocah saking endi, nakal si gila basa.

Iya sira ngajaraken nangkis, ya rinujak ing wong Pajajaran, kadeleng apa si monyet, pan ratu agung ing Paku, alun-alun jembar tur radin, andher ingkang aseba, pancaniti penuh, mung ta sira deleng apa, sudi wani angunggahi siti inggil, bedhul sapa kang mrentah.

Nitir ganjur pusakaning aji, kaya cumra si tembe wara, Linggaiyang wangsulane, sira kang selang gumun, ora idhep ing karta jani, pati-pati manira wani-wani ngaku, ya saking waris manira, matanira baloloken mataning pring, mada dudu ponggawa.

Wong Pajajaran surake la iki, wis karuwan bocah iki ala, budine lawan anggkohe, sanyata kethek beruk, sumantana si tai anjing, ngaku waris nalendra, bubuyute ajur, sawaneh ingkang angucap, aje kakeyan tutur rujak gendhen gelis, mung ta anganti apa.

Pajajaran kang bala ngebyuki, gagamane wus padha malesat, pada arontok sakabehe, dadi padha sap maju, nyandhak bocah tan kena kenging, lir nyekel wawadhangan, ibur lir pinusus, akeh kang para ponggawa, kang malesat dening padha densepaki, dening sang Linggaiyang.

Saya dangu saya angranohi, ki patih rang-urange kapental, kapental ora menange, sawaneh para sepuh, ingkang padha awangun piker, kaprimen den wis tanggal, iya bocah iku, demene iku bocah, ya kaprimen den wis metu budine ngancil, angluwihi nagara.

La yen isun iki sun pikiri, bok iku susupaning bramana, kang dhingin denkaropoke, la iki timbulipun, ora kena saloro ngarti, bokmanawane kuhana, dudu musuh iku, puharane dadi majikan, ya batur dhengawas aja saloro ngarti, den titening talata.

Incoming search terms:

0 komentar:

Posting Komentar

More

Diberdayakan oleh Blogger.
Babad Tanah Jawi
( Galuh Mataram )
GALUH
01. Prabu Banjaransari
02. Patih Srotomo
03. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
01. Prabu Wanagada
02. Ki Ajar Wilis
03. Siung Wanara
Jakarta
01. Putri Tanusekar
02. Murjangkung
Majapahit
01. Perkutut Mertengsari
02. Jaka Bandung
03. Perkelahian tiga sukma
04. Baru klinting
05. Raden Pulunggana
06. Prabu Brawijaya II
07. Prabu Murdaningrum
PAJANG - PENGGING
01. Prabu Pancadriya
02. Prabu Dayangningkung
MAJAPAHIT
01. Prabu Prakumara
02. Prabu Brawijaya IV
03. Seh Ibrahim
04. Raden Jaka Dilah
05. Sunan Ngampel
06. Raden Sahid
07. Dewi Rasa Wulan
08. Ki Jaka Tarub
09. Raden Bondan Kejawan
10. Raden Patah & R. Timbal
11. Sunan Kalijaga
12. Seh Lemah Abang
13. Darmakusuma
14. Ki Supa
15. Masjid Demak
16. Teluh condong - campur
17. Kinom ( Ki Supa - Anom )
18. Ki Pitrang
19. Adipati Natapraja
20. Kinom
21. Sunan Geseng
22. Kyai Pandanarang
23. Patih Gajah Mada
24. Ki Jaka Sura
25. Sunan Ngudung ( Kudus )
26. Laskar Tikus dan Lebah
27. Sunan Lawu
DEMAK BINTORO
01. Senopati Waliyullah
02. Swara Waliuyah
03. Swara sirna catur tunggal
04. Seh Siti Jenar
05. Jaka Sengsara
06. Ki Ageng Pengging
07. Ki Ageng Tingkir
08. Sultan Trenggana
09. Raden Jaka Tingkir
10. Ki Dadung Awuk
11. Wahyu kerajaan
12. Sultan Trenggana
Pajang
01. Sultan Hadi wijaya
02. Ki Rangkut
03. Ni Mas Ratu Kaliyamat
04. Ki Ageng Giring
05. Ki Pamanahan
06. Wirayat Sunan Giri
07. Ki Ageng Mataran
08. Raden Pabelan
09. Ki Bocor
10. Nyai Ratu Kidul
11. Raden Rangga
12. Tumenggung mayang
13. Batu-batu berbicara
14. Pangeran Banawa
MATARAM
01. Raden Umbaran
02. Pelaksanaan wirayat Sunan Giri
03. Nyai Adisari
04. Rangga Kaniten
GALUH
1. Prabu Banjaransari
2. Patih Srotomo
3. Pangeran Wanagada & Pangeran Harjokusumo
PEJAJARAN
1. Prabu Wanagada
2. Ki Ajar Wilis
3. Siung Wanara
Jakarta
1. Putri Tanusekar
2. Murjangkung
Majapahit
1. Perkutut Mertengsari

Blog Archive

free counters  free web counter Counter Powered by  RedCounter dns failure
LOKASI Buat stempel kilat 13 menit jadi
Iklan Melayang